Kamis, 24 Januari 2013

PAWARTA BAHASA JAWA


BANJIR LAN LARANG PANGAN
  
   Pirang-pirang dina iki, ing ngendi-endi papan keprungu pawarta banjir, ora mung kutha-kutha ing pulo Jawa, kayata Yogyakarta, Solo, Bandung, Jakarta, Surabaya, lan Semarang, nanging uga ing pulo-pulo liyane kaya dene kedadeyan banjir ing Kalimantan, Sumatra, Sulawesi, lan Papua. Kedadeyan mau kaya-kaya bareng. Bab kang kaya mangkono iku bisa dumadi, amarga ora mung sebab alase sing wis gundhul, nanging sejatine luwih akeh disebabake cuaca ekstrim. Cuaca ekstrim bisa dumadi saka pengaruhe “pemanasan global” kang dumadi sa-donya. Malah kedadeyan udan salju nggegirisi uga dumadi ing tlatah Benua Eropa, kang ndadekake akeh penerbangan batal. Semono uga Benua Australia sing sejatine mangsa ketiga, uga kena udan salju sing nggegilani.
   Akeh udan uga bisa nyebabake tetanduran padha gagal panen. Saliyane kembange ora dadi woh, sebageyan tetanduran kayata pari uga keterak banjir, saengga panene gagal. Tetanduran sing akeh gagal panen kayata rambutan, duren, apa dene lombok. Malah, nganti pawarta iki katulis, rega lombok tansaya ndedel ora karu-karuwan. Sekilone –yen wingi isih kawartakake mung tekan 60 ewu rupiyah—saiki nganti punjul saka satus ewu sekilone, kanggo lombok jemprit abang. Dene lombok abang gedhe nganti sewidak ewu sekilone. Kamangka lombok mono klebu bumbu dhapur sing kudu ana kanggo mangsak. Yen nganti lombok regane larange ora mekakat, ateges nambahi sengsarane wong cilik anggone arep nyukupi kebutuhan pangane. Durung maneh rega beras kang isih ndedel tansaya mundhak, nambahi masarakat cilik padha ora bisa tuku beras. Kamangka negara Indonesia kondhang kanthi jejuluk “gemah ripah loh jinawi, tata titi tentrem kerta raharja, kang sarwa tinandur bakal thukul”.
    Larange pangan ing wiwitane taun iki, ndadekake tansaya akeh warga miskin sing padha kaliren, amarga ora bisa tuku beras. Mangan sega kanggone dheweke dianggep panganan kang istimewa. Barange pancen ana, nanging dheweke wis ora kuwat tuku maneh. Pancen memelas banget. Kamangka dheweke uga kudu tetep mangan kanggo nyambung urip. Mula gandheng beras larang, dheweke padha milih tuku panganan liyane sing luwih murah, kayata sega aking, thiwul, sega jagung, oyek, lan liya-liyane. Panganan kasebut regane luwih murah tinimbang beras. Pancen sejatine panganan kang regane murah kasebut kurang ana gizine. Nanging kepriye maneh, kepeksa dituku amarga sing kuwat dituku. Tinimbang mati kaliren, dheweke tuku panganan sing tanpa gizi amarga kepeksa.
    Suwalike, sebageyan masarakat liyane malah tetep padha udur politik. Sebageyan maneh, kayata para pejabat padha nggedhegake anggone padha korupsi. Sebageyan masarakat liyane malah kerep dhemo, njaluk bayarane mundhak sing luwih akeh. Kamangka bayaran saben tahune wis diundhakake. Sebageyan maneh uga nganakake dhemo supayane bisa diangkat pegawe negri. Kamangka dana APBN lan APBD ing wektu iki, wis luwih saka separone mung entek kanggo mbayar blanjane pegawe negri kang cacahe mung saiprit. Banjur masarakat liyane keduman apa? Mangkono iku gambarane rakyat Indonesia ing taun 2011 iki sing durung akeh owah-owahane karo taun-taun sadurunge.




"MUSIBAH SANGAREPE PEMILIHAN PRESIDEN"

Pemilihan presiden lan wakil presiden 5 Juli wis saya cedhak. Sapa wae sing arep nyalon presiden lan wakil presiden sebageyan wis ketok, antarane Megawati, Hamzah Haz, Susilo Bambang Yudoyono, Wiranto, Amin Rais, Yusuf Kalla, lan liya-liyane. Wektu-wektu iki akeh-akehe para calon presiden lan wakil presiden mau wis padha njajagi antarane siji lan sijine kanggo pasangane utawa istilahe koalisi. Sapa ngerti kanthi koalisi bisa entuk panyengkuyung sing luwih gedhe saka rakyat. Pawarta ngono kuwi sing lagi rame-ramene ngrenggani layang kabar sing sumebar ing Indonesia bab politik.
Bab politik mono adate dadi caturane wong gedhe. Yen wong cilik nyatur politik adate mung melu-melu. Amarga biasane arang banget wong cilik sing kecipratan muktine. Dene yen bab musibah racake sing kena wong cilik. Kayata sing lagi wae kedaden ing Sumatera Barat Jumuwah tanggal 23 April kepungkur, wong sak bus kurugan lemah longsor nganti wong sing nemahi mati nganti 39 gunggunge. Racake sing mati mau mesthi wae wong cilik. Kedadeyan mau penere ngenani bus ALS sing dumadi ing Hutan Lindung Panti ing Kuburan Nanduo, Nagari Panti, Kabupaten Pasaman, kira-kira 211 km sisih lore kutha Padang.
Liyane iku kedadeyan tawur antarane pendukung NKRI lan Republik Maluku Selatan sing dumadi Minggu tanggal 25 April kepungkur, racake sing kena musibah uga wong cilik. Miturut layang kabar Kompas nganti tekan tanggal 27 April wingi, sing tiwas wis nganti wong 21. Malah anggota Brimob wis melu tiwas ana wong loro. Kedadeyan mau dumadi ing Talake lan Waringin ing kutha Ambon, pulo Ambon, Propinsi Maluku.
Durung maneh kedadeyan-kedadeyan liyane sing racake uga ngenani wong cilik kayata kerampokan, kecopetan, kobongan, kebanjiran, lan liyane-liyane. Musibah tetep wae ngenani wong cilik. Muga-muga wae kanthi anane pemilihan presiden lan wakil presiden kanthi langsung ora nambahi musibah marang wong cilik.










SALAH MANGSA?
    Ngancik sasi Mei taun iki, pirang-pirang dhaerah isih akeh udan. Malah akeh sing kepara kebanjiran lan kena banjir bandhang. Kaya sing durung suwe kedadeyan ing dhaerah Trenggalek Jawa Timur. Ana wong papat sing tiwas amarga banjir bandhang kasebut. Banjir lan banjir bandhang uga nerak dhaerah-dhaerah liya ing pulo Jawa, Sumatra lan liya-liyane. Kamangka ing padatan, ngancik sasi Mei iku, udane wis suda akeh lan mlebu ing mangsa mareng (pancaroba) lan sabanjure mlebu ing mangsa ketiga. Malah miturut Badan Meteorologi Klimatologi dan Geofisika (BMKG) Nasional, ing mangsa ketiga taun iki luwih dawa lan hawane luwih garing. Kenapa kok malah suwalike, ing mangsa pancaroba kaya ing sasi Mei iki isih akeh udan? Kedadeyan apa iki?
    Jare-jarene wong pinter, saiki iki donya lagi keterak “pemanasan global”. Mula kadhangkala ramalan iku ora cocog lan malah kepara mleset. Apa ya isih akehe udan ing sasi Mei iki klebu salah sijine ramalan sing mleset. Bisa uga mangkono. Mula kanthi anane ramalan sing sok mleset kasebut, kabeh manungsa kudu akeh waspadane, supaya ora kena kacilakan awujud apa wae, kayata raga, bandha, utawa liyane. Apa maneh tumrap warga sing manggon ing pereng-pereng gunung, kudu tambah tansaya waspada, amarga akeh alas-alas kang ditegori, dadine gundhul. Yen wis ngono, kanthi anane akehe banyu udan, gampang wae ndadekake lemah longsor, gedhene banjir bandhang.
    Akeh papan-papan perenging gunung kang saiki wis padha gundhul malik ditanduri sayur-sayuran kayata, kobis, wortel, kenthang, lan sapiturute. Kayata kang ditemoni Tembi nalik durung suwe sanja menyang Malang, Jawa Timur. Pas ngliwati dhaerah Pujon, Malang, ana sebageyan dalan kang padha longsor keterak banyu kali. Kiwa tengene dalan, akeh-akehe lemahe rawan longsor, amarga wis dikebaki tanduran sayuran lan woh-wohan. Malah ilining banyu kali sebageyan wis ora ngliwati dalane banyu, nanging nerak dhaerah sawah-sawah. Pancen nggegirisi banget. Iku mertandhani yen dhaerah Pujon, Malang pancen wis rawan longsor. Ora beda karo dhaerah-dhaerah perenging gunung ing pirang-pirang dhaerah ing Jawa Tengah, Jawa Barat, lan liya-liyane. Apa iki mertandhani yen manungsa iku saiki mung mburu bandha thok?


SEKATEN LAN GREBEG MULUD 1944 TAUN JAWA

Kaya adat saben, ing sasi Mulud taun Jawa, Kraton Kasultanan Ngayogyakarta (uga ing Kraton Kasunanan Surakarta) padha ngadani sawijining acara tradhisional yaiku kang aran Grebeg. Acara grebeg kasebut diadani kanggo mengeti wiyose Kanjeng Nabi Muhammad SAW ing tanggal 12 Rabiul Awal. Sasi Rabiul Awal iku petungan sasi ing taun Hijriyah, petungan Islam. Yen ing petungan Jawa, sasi kasebut diarani sasi Mulud, amarga dijupuk saka wiyose Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Mulud dhewe saka tembung milad, kang ateges wiyos utawa lair. Mula ing masarakat Jawa, pengetan wiyose Kanjeng Rasul iku dipahargya kanthi nggelar Grebeg Mulud. Puncak grebeg diadani pas ing tanggal 12 Mulud utawa 12 Rabiul Awal. Ing acara puncak kasebut, pehak kraton kekarone padha gawe gunungan arupa panganan, jejanganan, lan ubarampe liyane minangka sedhekah kanggo kawulane. Ing taun iki, grebeg arep diadani ing dina Slasa tanggal 15 Pebruari 2011 (ngepasi tanggal 12 Mulud 1944 J utawa 12 Rabiul Awal 1432 H).
Seminggu sadurunge upacara grebeg, adate pehak kraton padha ngetokake gamelan Sekathi (ing Kasultanan Ngayogyakarta arane Kyai Guntur Madu lan Kyai Nagawilaga). Gamelan kasebut sasuwene seminggu ditabuh ing Masjid Gedhe Kauman. Adate akeh para warga kepengin padha ngrungokake gamelan sing padha ditabuh. Miturut sejarahe, nalika gamelan padha ditabuh, sing diangkah supaya kawula Mataram padha gelem mlebu agama Islam kanthi maca “Syahadatain”, kanthi manasuka ora dipeksa. Amarga, gamelan iku minangka daya tarik nekakake wong. Lan ing sela-selane nabuh gamelan Sekathi mau, adate diadani dakwah Islam.
Ing masarakat Jawa ana kapercayan kang wis turun-tumurun, yen para kawula sing padha melu rebutan gunungan nalika grebeg, utawa nginang lan dhahar sega gurih nalikane gamelan Sekathi ditabuh, bisa ndadekake tambah berkah, sempulur rejekine, utawa awet enom. Kuwi kabeh mung kapercayan. Sing cetha, kanthi anane tradhisi kasebut mung dadi pratandha, yen sejatine kraton iku nduweni kuwajiban gawe makmure kawulane. Mula antarane kraton lan kawulane iku kudu padha golong-gilig. Padha kaya wektu saiki, nalika ana kasus sing lagi dialami dening kraton, kanthi anane ontran-ontran bab Rancangan Undang-Undang Keistimewaan (RUUK), mula kawulane uga kudu melu nyengkuyung mbela kraton. Ora malah suwalike, tinggal glanggang colong playu.




SEKOLAH SBI LAN RSBI, KANGGO SAPA?
Sekolah Bertaraf Internasional (SBI) lan Rintisan Sekolah Bertaraf Internasional (RSBI) wiwit mratah ing Indonesia limang taun pungkasan. Pancen tujuane apik yaiku kanggo ningkatate kualitas pendhidhikan ing Indonesia supaya ora kalah karo kualitas pendhidhikan ing negara manca. Salah siji cirine sekolah SBI lan RSBI yaiku ing pengantar pelajarane nggunakake sethithike rong basa, yaiku basa Indonesia lan basa Inggris. Mula ora mokal, pamarentah dhewe ngesok anggaran kang gunggunge nganti atusan yuta saben sekolah SBI lan RSBI saben taune. Dana kang disokake nganti gunggunge atusan yuta mau kanggo ningkatate sarana lan prasarana pendhidhikan. Kanthi komplite sarana prasarana, diajap supaya kualitase tambah apik lan yen bisa sekolah-sekolah liyane bisa melu nyonto.
Nanging banjur kepriye kabare sabanjure? Nyatane kanthi anane sekolah SBI lan RSBI akeh sing sambat utamane kawula cilik, amarga ora gampang mlebu ing sekolah kasebut. Yen ta upamane bijine apik, durung karuwan bisa klebu, amarga kudu isih tetep mbayar larang, malah kepara yutan. Durung maneh SPP sasen uga ngancik atusan ewu rupiyah. Kamangka saliyane wis entuk dana saka pamarentah atusan yuta, sekolah SBI lan RSBI uga isih entuk dana Bantuan Operasional Sekolah (BOS) lan Bantuan Operasional Pendidikan (BOP). Jarene kabeh biaya kasebut kanggo ningkatake kualitas pendhidhikan. Mula saka iku, gandheng mlebu neng sekolah SBI lan RSBI angel, utamane saka dhuwit sumbangan sing nganti yutan kasebut, mula sekolah kasebut akeh sing mlesetke jenenge kanthi sebutan Sekolah Bertarif Internasional lan Rintisan Sekolah Bertarif Internasional. Sing cetha sekolah kasebut, jan-jane mung kanggo bocah-bocah anake wong sugih. Dene kanggo anake wong-wong mlarat cukup ing sekolah biasa wae.
Emane sekolah-sekolah kasebut saiki kaya-kayane malah entuk palilah saka pamarentah. Dene sekolah-sekolah biasa liyane, klebu sekolah swasta ecek-ecek kaya-kayane tambah dijarake. Urip ya sokur mati sakarepmu. Sekolah-sekolah saiki tansaya tambah dikothak-kothak lan dipilah-pilah. Wong mlarat labele sekolah A, dene wong sugih labele sekolah B, lan sapiturute. Endi sing gelem mbayar larang bisa mlebu sekolah SBI lan RSBI, ora ketang kurang pinter. Kamangka sejatine kuwajibane pamarentah ngopeni sekolah-sekolah pinggiran supaya kualitase tambah apik, lan ora suwalike malah mateni. Rak sejatine tugase pamarentah menehi pendhidhikan sing padha tumrap kabeh warga negarane tanpa mbedak-bedakake. Yen wis carane ngene iki, nganti kiamat wong mlarat ora bakal bisa sekolah ing sekolahan-sekolahan sing kualitase apik, lan wis tinakdir kudu dadi wong cilik, dadi babu, nerusake saka trahe wong tuwane. Sengsara banget yen ngono kuwi!


Tidak ada komentar:

Posting Komentar